Pengantar:


Bagi saya karya ini adalah karya besar yang penuh dengan nasehat kehidupan. Karya ini lahir tentu saja melalui kajian yang mendalam atas landasan sosiologis dan filsafat jawa. Bersama teman yang dulu juga pernah menjadi seorang guru, selama lebih dari dua tahun saya mencoba menerjemahkan untaian syair, demi mendapatkan sebait syair yang berat maknanya. Saya bersama teman (Emdi: Jumadi, Mantan anggota DPRD II Batang dari fraksi PDI), bermaksud mengkaji karya-karya besar para pujangga, kanjeng sunan, dan filosof jawa lainnya serta menyempurnakan pengumpulan karyasemacam ini demi kelestarian dunia kesastraan jawa.

Mudah-mudahan kesukaan saya pada tembang Mocopat dan kemampuan Om Emdi dalam berbahasa Jawa mampu memberi energi yang besar dalam berkarya terus menerus sehingga Kidung Panguripan pada akhirnya dapat menjadi kumpulan sastra jawa yang berguna bagi para pembaca. Selamat membaca dan merenungkan.......

Jumat, 15 Mei 2009

GEGURITAN “ MACAPAT B “

Pengertian nama-nama tembang macapat dari kelahiran sampai saat meninggal ( lahir, hidup, mati )

1. Dari nama tembang Mijil :

Jroning peteng sangkan paraning dumadi
Kersane gusti jabang bayi Mijil
Sinebut Mijil, metu, uga lahir
Mijil margane jalu uga estri
Mijil ngunduh wohing pakarti
Mijil ponang nangis cenger ndodog bumi
Dados ponang woding ati
Bapa biyung seneng ing ati
Bapa biyung nggendong rina wengi

2. Dari nama tembang Maskumambang :

Maskumambnag dadi tembang
Nrenyuhake polahe sang ponang
Angidung mocopat ponang di kudang
Guyune sing ponang suka kang nyawang
Tan mbedakno wadon apa lanang
Bapa biyung bungah ati padang
Bapa biyung susah kelangan ponang
Crita ginurit jroning maskumambang

3. Dari nama tembang Kinanti :

Jabang bayi woding ati
Kinanti kinanten tinuntun kang dadi werdi
Bapa biyung pawitan titi
Ngreksa peparinge gusti
Rina dumagi ing wengi
Tan pegat piwulang aji
Dupi karsa agama ageming aji
Dados priyayi
Tuladane sagung pasti ing leladan bumi

4. Dari nama tembang Sinom :

Tembang Sinom pangeran katon
Ing rina ing wengi mbabar lelakon
Bayi gede manjing keprabon
Raga gede yuswane maksih enom
Bedane wis ora turu nang pangkon
Pindah laku suryo mengulon
Sak tindake dadi lakon
Sak polahe dadi pitakon
Yawa luput dadi layon

5. Dari nama tembang Dandanggula :
Angen manis lagu puspita
Ngetut lakune samirana
Tabuh wektu ngetung dina
Ponang gede si enom salin salaga
Wani mbeka ngugung salira
Mula gampang kena reka
Enome pikir gampang kesandung asmara
Dandanggula kang rinonce
Sundul langit kemul mega
Tan mampu ngudar pancadriya
Mung manis-manis kang sinedya
Tan weruh isen isening dunya
Lamun tumindak becik tan pirsa
Dadi menus manggih cilaka

6. Dari nama tembang Asmaradana :

Pepanjange tembang asmaradana
Panjange denarani asmara dahana
Sifat lanang wadon jroning tresna
Padang rembulan pinda yayah rina
Tan waskita rusak jiwa raga
Tan eling welinge ibu lan rama
Agni ngobong ati ngidung asmara
Kadya lakone Dewi Ratih Komajaya

7. Dari nama tembang Gambuh :

Gambuh iku paribasan gampang nambuh
Banyu bening ora weruh
Jejogetan turut dalan ora ewuh
Bapa biyung weling ora patuh
Angel laku jujur, gampang misuh
Yen sinebut sakit, wus abuh
Yen turu tangine tan krungu subuh
Kang tinandur tan nana kang di unduh
Bapa biyung sambat sora ….. aduh

8. Dari nama tembang Durma :

Nandur saka tata krama
Dur iku duratmaka, duraka
Dur iku dursila, durjana
Dur udur tan animbang rasa
Dur paribasan pari kena
Maknane nglaras rasa
Si enom dandanggula sinedya
Lali wus kelon asmaradana
Lali wangsiting wong tuwa
Werdine gambuh lan durma
Amelet si enom ing marcapada
Pan mangkana ingaran kerata basa

9. Dari nama Tembang Pangkur :

Yen kesandung moleh mungkur
Dawane dalan dawane umur
Wadine gusti wadine kubur
Sifat tan bisa di waca ngawur
Iku werdi macapat dudu turu nglindur
Urip ngangsu banyu bening sumur
Hang rasa pakarti laku tinandur
Yen lagi catur mungkur
Eling tuwa eling pangkur
Ngepange pikir arep mungkur
Cilakane tan uwur lan sembur
Kelangan aruming pitutur
Deleg-deleg tan weruh dalane kubur

10. Dari nama tembang Megatruh :

Ana pegat tan aruh-aruh
Ana pegat tan ana sing weruh
Wit banda uwoh dosa tan wanuh
Tan eling dongenge Nabi Nuh
Tan mampu ngudar kawruh
Uripe jroning rasa, trenyuh
Dupi emut mring kidung megaruh
Wiwit sinom tekan gambuh
Alam batin manggih mungsuh
Jroning urip tan kerso wanuh
Pegate raga sukma kisruh
Sukma lunga tan ana sing weruh
Gara-gara tan ngersakke dawuh

11. Dari nama tembang Pucung :

Surya suntrut kudung mendung
Ana pitakon padange wurung
Ana gela, gelane bapa biyung
Kang gela kepetak linglung
Kang tuninggal deleg-deleg bingung
Raga ketata mori petak dadi kudung
Jroning peteng sepi ing kidung
Ngindit dosa gede sak gunung
Tan pirsa raga wus suwung
Pucung werdine gempita agung
Pucung iku pocong werdine agung

12. Dari nama tembang wirangrong :

Wektu ngancam dina putus layon
Sambat sapa yen kadung kepetak ngerong
Mlarat sugih, sing pangkat apa maneh garong
Nora mandang drajating uwong
Wirang wus jroning rong
Jagat gumelar kebak pitakon
Jagat gumelar kebak ing lakon
Jagat gumelar karsone Hyang Manon
Pan mangkono werdine wirangrong

1 komentar: