Pengantar:


Bagi saya karya ini adalah karya besar yang penuh dengan nasehat kehidupan. Karya ini lahir tentu saja melalui kajian yang mendalam atas landasan sosiologis dan filsafat jawa. Bersama teman yang dulu juga pernah menjadi seorang guru, selama lebih dari dua tahun saya mencoba menerjemahkan untaian syair, demi mendapatkan sebait syair yang berat maknanya. Saya bersama teman (Emdi: Jumadi, Mantan anggota DPRD II Batang dari fraksi PDI), bermaksud mengkaji karya-karya besar para pujangga, kanjeng sunan, dan filosof jawa lainnya serta menyempurnakan pengumpulan karyasemacam ini demi kelestarian dunia kesastraan jawa.

Mudah-mudahan kesukaan saya pada tembang Mocopat dan kemampuan Om Emdi dalam berbahasa Jawa mampu memberi energi yang besar dalam berkarya terus menerus sehingga Kidung Panguripan pada akhirnya dapat menjadi kumpulan sastra jawa yang berguna bagi para pembaca. Selamat membaca dan merenungkan.......

Jumat, 15 Mei 2009

GEGURITAN

“ ELING I “
1. Mijil saking swargane ibu
nrenyuhake umpamakno 2. Maskumambang
Margane aji, 3. Kinanti bopo biyung
Tumekeng 4. Sinom kang kebak angen-angen

Jroning 5. Dandanggula sarwi manis
Lelumban madune 6. Asmaradana
Lelakone kebak pitakon, nyandang 7. Durma
Tan mampu nggennyo ngoncati 8. Gambuh
Sasmito bangun nyawang 9. Pangkur
Caket kidung 10. Megatruh nyumanding
Tan suwala rinangkul 11 Pocung
Tan suwalo ketangsang 12. Wirangrong
\
“ ELING II “
Kadi dene jroning jaman edan
Ewuh oyo ing pambudi
Lakune tan nimbang saru siku
Dawane umur, tan …………
Ngukir kayu becik
Dawane crita, mijil tekan wirangrong
Mung nlayon jroning ireng peteng
Manungso dede kewan
Kang uripe ngetut angen-angen
Ngetutke lakune dina, rina lawan wengi
Begjone kang lali
Luwih begjo kang eling lan waspada

“ ORA MUNG MAMPIR NGOMBE “
Sepiro suwening laku
Soko guwo garba tekan lemekan gelu…?
Sepiro suwening panah
Saka gendewa tekan nylorot tiba…?
Ndah ebha musprane
Yen tanpa lesan kang tinuju

Sepiro cacahing darma
Soko Ha temeko ing Nga …?
Apa di labur laku kang kudu…?
Apa rinengga gurit peni …?
Pinangka sangu
Supoyo ora ketangsang
Ing kayu watu

Tinitah nyawang srengenge
Mesthine,
Ora mung mampir ngombe


JOKO LODONG
23 Juli 1988

Tidak ada komentar:

Posting Komentar